Pawarta basa jawi

pawarta yaiku andharan sawijining bab ingkang nembe kadadosan utawi ingkang sampun kadadosan lumantar layang kabar siaran radio, tv, internet, utawi gethok tular tiyang kathah.


Sipat-sipat pawarta

1. faktual: nyata, sampun cetha wonten kadadosanipun
2. aktual : wekdalipun nalika wonten kadadosan, dereng dangu sanget
3. wigatos: dados kawigatosan (perhatian) tiyang kathah
4. narik kawigaten: anjalari tiyang sanes kepengen maos

Jinising pawarta

1. pawarta miturut wujudipun: lesan lan tulisan
a. lesan: lewat media elektronik: tv, radio, internet, lsp.
b. tulisan: sinerat ing medhia cethak: ariwarti(koran), kalawarti (majalah), lsp.

2. pawarta miturut wekdal saha papan kadadosan: pawarta dadakan, padintenan, crita.
a. pawarta dadakan: kacilakan montor mabur, banjir, kobongan
b. pawarta padintenan: wekdal saha papan wis cetha: pambukaan pawiyatan enggal, kunjungan presiden ing Yogyakarta, lsp.
c. pawarta crita: crita objek wisata, crita hobi, crita munggah gunung, lsp.


                             Unsur-unsur Pawarta






5W+1 H
1. what: apa kedadeane
2. who: sapa wae sing ngalami kedadean
3. when : kapan kedadeane
4. where: ana ngendi kedadeane
5. why: ngapa kok bisa kedadean
6. how: kepiye urut-urutan kedadeane



 


Crita Pengalaman

Crita pengalaman yaiku crita kang isine ngandharake kedadean kang wis tau dideleng/ ditemoni utawa dilakoni dhewe ing saben dinane. Crita pengalaman bisa arupa crita kang sedhih, seneng, lucu, nrenyuhake, utawa mrihatinake. Pengalaman kang dicritakake marang wong liya bisa pengalaman pribadhine dhewe, uga bisa pengalaman kang diduweni wong liya.

Pigunane Crita Pengalaman:

  1. Minangka sarana ngudhar reruweting pikir
  2. Nambahi kawruh
  3. Minangka piwulang/ guru kang utama/“experience is the best teacher”
  4. Minangka panglipur

Carane nyritakake pengalaman kanthi tinulis:

      1. nemtokake tema/bakuning crita
      2. nemtokake pokok-pokoking crita
      3. mekarake pokoking crita dadi ukara
      4. mekarake ukara dadi paragraph
      5. nintingi tulisan laras kaliyan pamilihan tembung, ukara, paragraph uga panulise.

Bab kang kudu ana ing sajroning crita pengalaman:

- irah-irahan/judul
- tema/ lingkupe crita
- alur: urutane crita
- sudut pandang
- paraga lan watake
- papan crita: tempat kedadean crita
- swasana
- amanat: wosing budi pekerti 

Sinau Online

Amarga anane virus corona ya covid 19 kang teka ing Indonesia mula wiwit sasi Maret 2020, mentri pendidikan dhawuh menawa pasinaon dianakake kanthi cara on line saka ngomah wiwit saka Paud, TK, SD, SMP, SMA lan perguruan tinggi.  Bu Guru lan pak guru anggone maringi materi lan tugas-tugas liwat WA manut jadwal kang wis ditetepake. Wiwitane aku seneng amarga anggone sinau bisa sakkepenake ora spaneng. Malah bisa sinau ing peturon, rasah adus dhisik ya rapapa, ra sah nganggo sragam wis pokoke kepenak. Tugas digarap yen wis rampung difoto banjur dikirimake bu guru utawa pak guru. Ana sik digarap nganggo google form ana sik nganggo google class room, yen soale pilihan ganda mung kari ngeklik jawaban kang bener, sa wise rampung biji langsung metu. Wis pokoke kepenak.

Bareng pasinaon on line lumaku rong sasi rasane suwe suwe kok ya jeleh wis kangen kepengin ketemu kanca-kanca, bapak ibu guru. Kepengin gojek ing sekolahan meneh. Nanging pemerintah durung ngolehake amarga virus corona durung sirna. Kanthi sabar aku kudu tetep sinau ana ngomah stayad home . Supaya ora sumpeg aku karo mbakyuku sawise rampung anggone sinau gawe ketrampilan werna-werna saka bahan saanane kayata gawe kembang saka tas kresek, gawe kembang saka klobot, saka botol air minum , seka sedhotan plastik lly. Pranyata asile lumayan bisa kanggo pajangan, mbok menawa yen wis akeh bisa didol.

Sinau on line semester loro dipungkasi kanthi nggarap soal-soal Penilaian Akhir Tahun (PAT) . Anggone nggarap saka ngomah nggunakane HP / Lab top lewat googlee form . Kabeh mata pelajaran anggone nggarap lewat googlee form. PAT dilaleksanakake seminggu suwene, sawise rampung kari nunggu anggone mbagi raport, kanggo nemtokake munggah kelas apa ora. Yen ora ana memala virus corona biasane bar nggarap soal PAT ana classmeetting pertandingan werna-werna antar kelas. Wektu iki ora ana apa-apa tetep stay ad home, njaga karesikan nganggo masker sregep mbasuh tangan nggunakake sabun utawa hand sanitiser.

Ya kaya mengkene iki pengalamanku sinau kanthi cara on line ora bakal tak lalekake, ya seneng ya susah pokoke kudu sabar lan tetep semangat senajan sinau ing ngomah. Kang ndadekake aku susah rikala sinau on line yaiku menawa anggone nggarap pas ra dhong ra isa nyuwun pirsa bapak/ bu guru kanthi langsung. Mung liwat WA dadi rada kangelan anggone nampa pelajaran. Kejaba iku amarga sinau on line saka ngomah dadi terus ra diparingi sangu, merga dhuwite entek nggo tuku quota. Muga-muga virus corona ndang sirna saka ndonya ora ngrekasakake kabeh manungsa.



 

 

 

 

 

 

 

 

 

 







Tegese unggah-ungguh basa miturut bausastra yaiku tata pranataning basa miturut lungguhe tatakrama.  Tembung  tatakrama iku kedadeyan saka tembung tata kang tegese becik pangetrape, lan krama ateges pratingkah utawa patrap.  Tembung  tata krama bisa ditegesi pangetrape patrap utawa pratingkah kang becik dene tembung unggah-ungguh bisa ditegesi cak-cakan utawa pangetrape basa kang becik.


About this blog